dino iki aku nang kampus lagi cangkruk ngenteni langite padang . . lha wong udane duuuuuueres banget. aku lungguh ndeprok karo arek elek sing jenenge trias (pacarku iki) awak dewe podo nyekel laptop dewe dewe. nah, aku karo trias lungguh nang (opo yo istilahe?) lobby perpustakaan UB. banyu udane tampes, laptopku karo laptope kecipratan banyu udan (uasyem kok). pas iku aku luwe tapi lagi ngirit, yowes aku budal tuku sari roti rasa keju karo sarikaya . . rasane sumpah ueeenaak, aku jan gak tau mangan roti rasane enak koyok iki. gak sampe 5 menit rotine amblas gak ketok wujude, ilange gak mergo sulapan tapi entek tak' pangan. oke mbalik nang masalah udan . . ket mau aku ngelap sing jenenge layar laptop, sampe mblenger aku ngelakonine . . lha yo'opo wong layare kecipratan banyu terus. oh iyo, aku nulis blog iki atas dasar ketidaksengajaan lho . . lha trias nggarap tugas, gayane karo mencet mencet keyboard laptop. aku yo gak gelem kalah, mangkane aku nulis blog ben podo podo ngetik hahahahaa. oh iyo lali, aku durung kenalan . . jenengku Datta Parama Satwika tapi kon kabeh nyeluk aku Datta ae . . aku kuliah nang Universitas Brawijaya jurusan sastra Inggris . .
nah, udane rodo' gak deres saiki . . tapi jek udan banyu. eh, sampah bungkus sari rotiku durung tak' guwak lhooo . . hehehehe. bahno wes, wong ono petugas kebersihan. don trai dis et hom lhoo.
wes, koyoke mek iki tok sing jange tak' bagi nang kon kabeh . . entenono tulisan liyane.